Kumpulan sms lebaran bahasa jawa

Naliko burung hantu pada dipulut,
tikus-tikus merajalela marga ora
ana sing nyaut. Dina lebaran kawula nyuwun hapus sedaya luput, sakwise pasa mugi-mugi amalan kita mboten surut.

Mbok Setro bakul tempe
gawe sehat wong sak erte
marga tempe akeh proteine
Lebaran ora kudu ganti hape
sing penting kendali diri ora
nggape

Dudu sanak dudu kadang nek kepentung prayoga dicaosi pitulung Lebaran kula sowan eyang dosa kalangkung nyuwun
diparingi ampun

Gunung Imogiri papan rekreasi
sade selendang mbok menawa
payu Lebaran sedaya lepat nyuwun diampuni mugi-mugi kita sedaya tansah rahayu

Kulak klambi ning Beringharjo
kanggo di sade meneh ning
ndesa Lebaran kula tambah pametu artha amarga warung akeh sing blanja

Pinggir ratan Imogiri dodol kupat
lebaran,mbiyen Pakdhe sing ngajari gawenam-naman
Lebaran kesempatan golek
tambahan ora kudu ngentekke duwit celengan

Pitik kate rupane putih Pitik alas rupane coklat Idul Fitri ati manungsa bali putih hawa-nafsu dikendali kanthi tobat

Gudheg Wijilan kondang ning
Jakarta Gudheg areh rasane enak tenan Kula caos sugeng hari raya Nyuwun pangapunten sedaya kalepatan

Gulu banyak dowi banget,
dianggo nyosor sikile cah nakal.
Salahku marang awakmu akeh
banget dina riyadi nyuwun salahku diparingi halal

Bayi lahir mestine nangis, gawe gila nek ngguyu mringis. Lebaran sungkem wongtuwo ojo lali kang ngrumat awakmu wiwit bayi

Udan-udan ngeyup ngisor wit
gedhang,wegah sangu payung amarga ngrepoti Pangapura sampeyan kulo gadang-gadang
kita raketke pasederekan ing
dina riyadi.

Ning gunung ketur tuku bolah,
kanggo ndodomi sajadahe
simbah Dudu salahmu sing gawe susah, nafsu amarahku sing gawe bubrah.
Menek wit pelem ora kudu ahli,
jalaran duwure ranganti rong
meter
Sugeng riyadi Idul Fitri,
donga-dinonga kita satya ning
dalan bener

Latihan pasa sewulan mugi kita
dados manungsa takwa
Srengenge Idul Fitri anggawa
pangarep-arep, silaturahim kanggo lantaran rumakete ati.
Kita sedaya caos pangapura
kanthi mantep nglaleake kalepatan liyan gawe tentreme ati

Nagara tentrem amarga para
satria pinandhita, bengi shalat tahajud, awan sregep makarya.
Sugeng riyadi, sedaya kalepatan
kula nyuwun pangapura

Gunung Merapi, Gunung Merbabu,
tansah jejer kaya sedulur kembar
Aku sing wis tau nglaraake atimu
njaluk samudra pangapuramu
kang jembar

Numpak andhong ning Kotagedhe,
tuku ali-ali kagem eyang putri.
Bilih aku nduwe luput gedhe,
nyuwun kawelasan sampean
ampuni.

Gunung Merapi rupane biru
dicedaki dadi ijo wit-witan
cemara Menawi kula gadhah keliru nyuwun agenging samudra
pangapura

Mlaku-mlaku ning Malioboro
Menawi sayah numpak becak
luwih sekeca Sugeng riyadi kagem panjenengan sedaya
Sagung kalepatan nyuwun
diparingi pangapura
Description: Kumpulan sms lebaran bahasa jawa
Rating: 4.5
Reviewed by: Anonymous
On: 2:18 AM
pembaca yang baik berkomentar dengan cara yang baik
TOP